| Pengarang | Wijang Wijonarko |
|---|---|
| Penerbit | Kaizen Sarana Edukasi |
| ISBN | -, 978-634-7682-69-7 |
| Ukuran | 14,8 x 21 cm |
| Tahun Terbit | 2026 |
| Halaman | vi + 181 |
| Ketersediaan | Pesan Dulu |
Sudarsana Labuh
Rp79.000
Lair ana ing satengahing rasa sungkawa, Bambang Sudarsana tuwuh dadi satriya enom kang digulawenthah ing Pertapan Jatipitu déning Begawan Durwasa. Sanadyan urip prasaja adoh saka kraton, Sudarsana tansah sinebut minangka jejaka kang luhur ing budi, sekti tanpa adigang, lan ngugemi darma tumrap liyan.
Nalika wis tumeka mangsané, Sudarsana kapeksa ninggalaké pertapan kanggo nglakoni lelana menyang nagara Yawastina, ngugemi jejibahan minangka tedhak turuning narendra. Nanging dalan kang dilakoni ora mung kebak reridhu lan bebaya, awit ing sisih liya ana nagara Ima-imantaka sang Prabu Drawalika, raseksa kang angkaramurka lan sumpah arep males ukum marang tedhak-turuning Pandhawa.
Lelakon Sudarsana dadi prahara paprangan antarané kabecikan lan angkara murka. Kanthi pusaka *Kyai Pulanggeni, **Lenga Jayengkaton*, pitutur luhur para guru, lan iman kang jejeg, Sudarsana kudu ngadhepi godha, pangapusan, lan perang kang nemtokaké nasib Yawastina.
Apa satriya enom iki bakal kasil ngreksa darma lan nglabuhaké *Cakra Sudarsana* kanggo nyirnakake angkaramurka ? Utawa malah bakal kasirep déning daya angkara kang wis gawe gegering jagad wiwit turun-temurun?
Sudarsana Labuh dudu mung novel lakon adhedhasar jagading wayang, nanging uga cariyos ngenani kasetyan, pangurbanan, kawicaksanan, lan pangorbanan ngugemi bebener. Saben kaca nggawa pamaos nyilem ing jagad Jawa kang adi luhung, kebak piwulang budi pekerti lan laku darma kang ora bakal luntur déning lakuning jaman.

Reviews
There are no reviews yet.